

Satrya
Bagus, Gagah Prakosa, tur Sekti Mandraguna
Raden Gathotkaca satriya bagus, gagah prakosa tur sekti mandraguna
punika kondhang kanthi sebutan “Satriya Pringgodani”, nalika isih jabang bayi
asmanipun “Jabang Tutuka”. Raden Gathotkaca punika menawi perang mboten nate
migunakaken gaman. Menawi mithing jangganipun mungsuh, nganthi putul.
Siyungipun aran siyung kencana, otot kawat, tosan wesi, sungsum gegala, racikan
gunting, kulit tembaga, sikut palu, jengku paron, bisa mabur tanpa elar, mletik
tanpa suthang. Raden Gathotkaca putranipun Raden Werkudara (Arya Bima), Satriya
Panenggak Pandhawa patutan klawan Dewi Arimbi, putranipun Prabu Tremboko, ratu
reksasa ing Negara Pringgodani. Dewi Arimbi punika uga wujudipun raseksi,
nanging bareng dipun busana kale Dewi Kunthitalibrata, malih dados kenya ingkang
sulistya. Mula, Raden Werkudara kersa krama kale Dewi Arimbi. Dening ingkang
Eyang, Abiyasa, Jabang Tutuka diparingi “topeng” aran topeng waja wonten ing
sajrone kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja punika, Raden Gathotkaca
malih dados Satriya bagus.
Asmanipun Raden Gathotkaca tegese kumpuling kesantosan. Nalika
miyos nganti yuswa nembelas dina pusere Jabang Tutuka mboten saget dipugut
kalian sabet utawi gaman wujud napa wae. Nanging puser wau saget pugut ndamel
Senjata Kuntha Wijayadanu (Kunta Druwasa) nggadhanipun Adipati Karna nalika
isih enom. Uga kaelokane wrangka Senjata Kuntha Wijadanu wau manjing wonten ing
pusere Jabang Tutuka, satemah muwuhi kesantosane Gathotkaca. Sanaos mekaten,
bab punika uga dados pengapesanipun Raden Gatotkaca, mula semanga perang
ngadhepi manungsa ingkang darbe Senjata Kuntha Wijayadanu, Raden Gathotkaca
kedah atos-atos. Amargi menawi ngantos Senjata Kuntha Wijayadanu dilepasaken,
Raden Gathotkaca saget seda.
Miyosipun Raden Gathotkaca ngepasa kalian dumadine ontran-ontran
ingkang khayangan Jonggringsaloka. Para dewa kocar-kacir amargi diamuk dening
Prabu Kala Pracona (Naga Pracona), ratu reksasa dugi Negara Ngembatputihan
ingkang nyuwun garwa widodari. Nanging, panyuwun mboten samesthinipun punika
disuwa kalian para Dewa mula dados paperangan. Para dewa mados “Pintasrayan”
dhateng Negara Ngamarta (Amarta). Jabang Tutuka ingkang yuswa nembelas dina wau
diampil Bathara Narada, diasta dhateng khayangan dimungsuhipun kalian Naga
Pracona. Saderengipun, Jabang Tutuka dijedhi wonten ing Kawah Candradimuka.
Nalika sampun medal dugi Kawah Candradimuka,
Jabang Tutuka sampun mboten warna bayi, nanging rupa jejaka tumaruna,
sampun ngagem busana kasatriyan. Nggih punika sebabe Gathotkaca disebut satriya
babaran kahyangan wonten ing Bathara Guru, Gathotkaca diparingi pusaka sipat
kandhel damel ngadhepi mungsuh, caping basunanda, kalian tlumpah padhakacerna.
Nalika wonten ing paprangan, Raden
Gathotkaca cukat trengginas, wusana Naga Pracona sawadyabalanipun seda sedaya.
Raden Gathotkaca punika cedhak
banget kalian Abimanyu, putranipun Arjuna. Sawijining dinten, Abimanyu nikah
kalian Utari. Abimanyu ngaku dheweke isih perjaka, nanging nyatanipun Abimanyu
sampun gadhah garwa Siti Undari.
Siti Undari semerap menawi Abimanyu
nikah male. Pamanipun Gathotkaca, Kalabenda marani Abimanyu supaya balik.
Nanging bab punika ndamel Utari curiga lan cemburu. Abimanyu kepeksa janji menawi
Abimanyu dereng gadhah garwa, amargi menawi Abimanyu sanjang sampun gadhah
garwa, Abimanyu saget dikeroyok mungsuh.
Paman Kalabenda kondur ing istana
Gathotkaca sanjang kalakuanipun Abimanyu marang Siti Sundari. Raden Gathotkaca
kesuh amargi Paman Kalabenda nyapuri urusan kaluarganipun Abimanyu. Raden Gathotkaca
ngantem sirahe Paman Kalabenda, saenggi Paman Kalabendana seda.
Sanjanganipun Abimanyu kabukti.
Nalika paprangan Baratayudha kadadeyan, wonten ing dina sekawanwelas, Abimanyu
seda dikeroyok mungsuh. Arjuna mbales kasurudane putrane. Arjuna menggal sirahe
Jaya Jayadrata. Wonten ing perang Bharatayudha, Raden Gathotkaca saget nyurudi
Dursula, putranipun Dusasana. Raja Pringgodani punika panci mboten saget
disurudi ndamel gaman, kajaba panah Senjata Kunta Wijayadanu wonten ing
raganipun Raden Gathotkaca.
Gathotkaca nanging isih
katurunanipun Reksasa, gadhah kakuwatan ingkang luwar biyasa ing wayah wengi.
Nalika, paprangan satenanipun kudu dirampungaken amargi sampun wengi. Nanging,
Raden Gathotkaca tetep nerusaken paprangan kalian Kurawa, saya wengi, kakuwatanipun
Raden Gathotkaca saya nambah. Kathah prajurit Kurawa seda, salah sawijinipun
Alambusa.
Ningali kaganasanipun Raden
Ghatotkaca, Doryodana mboten tenang kalian meksa Karna supaya ngalahaken
Ghatotkaca ndamel pusaka Indrasastra saking Dewa Indra (Kantawijayadanu).
Namung Karna mboten purun amargi gaman punika saget didamel sepisan lan gaman
punika damel nglawan Arjuna. Doroyodana meksa supaya nyerang Pandhawa wengi
niku. Satenanipun bab punika nglanggar aturan perang.
Midhanget menawi Kurawa nyerang ing
wayah wengi, para Pandhawa ngutus Gathotkaca damel ngadang Kurawa. Gathotkaca
diutus amargi Kotang Antrakusumanipun Gathotkaca saget mancarakaen sinar.
Paprangan punika ngerkake. Raden
Gathotkaca saget nyurudi Kurawa Lembusana. Nanging, Gathotkaca kelangan Pamane
Brajalamaden lan Brawijayakalya. Raden Gathotkaca nglawan Karna. Gathotkaca
ingkang cacahipun 1000 ndamel Karna bingung.
Ndamel patunjuking Batara Surya,
Ramane Karna, saget nemokaken Gathotkaca ingkang asli. Karna ngontalaken Senjata
Kantawijaya marang Gathotkaca. Gathotkaca mabur adhuwur-dhuwure damel ngindar
saking gaman punika. Nanging arwahipun Paman Kalabendana dugi lan mbeta gaman
Kantawijaya seraya ngaturaken berita saking kayangan menawa ajalipun Gathotkaca
sampun wengi niku. Gathotkaca pasrah ingkang kaputusanipun Dewata. Nanging,
Gathotkaca nyuwun supaya jasade tasih saget didamel nyurudi mungsuhe. Paman
Kalabendana sarujuk, Paman Kalabendana
nusuaken gaman Kantawijaya ing puseripun Gathotkaca. Gaman punika ilang dados
setunggal wonten ing padharanipun Gathotkaca.
Raden Gathotkaca seda, arwahipun
Kalabendana wau ngutalaken jasadipun Gathotkaca marang Karna. Karna saget
ngindar, naming Kretanipun Karna remek, amargi remukan Kreta wau nyebar,
prajurit Kurawa kathah sing seda.
Kasedahanipun Gathotkaca dados kabar
bungah damel Kurawa. Namung, Pandhawa nelangsa, Werkudara mboten percaya menawa
putranipun seda. Dewi Arimbi mboten sadet nahan kasadihan. Dewi Arimbi mbakar
salirane dhewe. Bab punika sampun dados janjine menawa putrane seda saderenge
Arimbi, Arimbi bakal mbakar salirane dhewe. Kaluwarga Pandhawa kelangan
Gathotkaca lan Arimbi. Nanging, Gathotkaca sampun gadhah putra damel nersaken
Werkudara. Jasadipun Gathotkaca kalian Dewi Arimbi di upakarti miturut.
Sumber : Pepak Basa Jawa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar